Submitted by
udalama
on
dongeng cekak kagem...
wong-wong cilik inggih menika,
kagem nglipur ing penggalih.
Mbak Sinderela
Ana bocah wadon yatim piatu, jenenge Sinderela. Nyambut gawe dadi rewang ana salah sawijine kulawarga, dewekke kudhu nglakoni kabeh penggawean lan entuk upah sing sithik banget.
Ing salah sawijine dina, ana Prabu lan Putrane nekani ndesa, anggone bocah wadon kuwi nyambut gawe. Banjur Pengeran kuwi kasmaran karo bocah wadon kuwi, lan Pengeran kuwi MBISIKKI marang bocah wadon kuwi,"ojo kandha sapa-sapa, aku bakal teka maneh ing sawijining dina kanggo marani kowe lan bebrayatan karo kowe."
Sinderela tetep nyambut gawe kaya biasa, malahan saya sregep. Amarga saiki dewekke sukarena, bingah, rahayu lan nyanyi sabendinane. ora ana wong liyan kang ngerti, kena apa dewekke rahayu banget. Nanging Sinderela NGERTI, dewekke bakal bebrayatan karo anadene Pengeran.
thanks to…
Allan Hart Jahsmann and Martin P. Simon
Ruth Kadarmanto
F. B. Indradi
Loso
and Gunung Mulia – Concordia Publishing House
bocah-bocah…
Aja padha sumelang lan gerundelan, heh pepanthan cilik!
Amarga Ramamu wis kepareng maringake Dhatulaya iku marang kowe.
Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga. Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur. Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi. Rahayu kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal kawaregan. Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas. Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah. Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.
bocah-bocah…
aku bisa muni kaya mangkana amarga aku iya abdi kaya kowe…
aku iki abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang kudu daktindakake.
bocah-bocah…
Nyoba delengen kiwa-tengenmu…
Apa kowe isih dhuwe tangan?
Nyoba delengen kiwa-tengenmu…
Apa kowe isih dhuwe sikil?
Nyoba grayangi dhuwurmu…
Apa kowe isih dhuwe sirah?
MULAne bocah-bocah…
aku pitutur marang kowe:
aja padha sumelang ing bab uripmu,
bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe,
lan bab badanmu, opo kang bakal kokanggo.
Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandangan?
Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing Swarga.
Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?
Sapa ta panunggalanmu, kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang?
Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandang pangganggo?
Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih. Ewadene aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagungin kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku. Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!
Awit saka iku AJA PADHA SUMELANG lan CALATHU:
Kang padha dak pangan apa?
Utawa kang padha dakombe apa?
Lan maneh kang padha daksandang apa?
awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu.
Wekasane kanggo bocah-bocah…
Tetep nyambut gawea kaya biasa, malahan sayaa sregep, kanthi sukarena, bingah, rahayu lan nyanyi-nyanyi utawa sing’i sabendinane. ojo kandha sapa-sapa, aku bakal teka maneh ing sawijining dina kanggo marani kowe lan bebrayatan karo kowe
mbak-mbak SINderela… yen kowe krasa kesel senDEN dhisik yooo…
MENYANG ENDI paranku kowe ora bisa melu aku SAIKI,
NANGING BESUK kowe bakal NUSUL aku,
amarga aku kumandel marang janjine SANG RAMA.
Nb:
salam RAHAYU kagem…
rewang tani, rewang juru-amek-iwak,
rewang omah, rewang pabrik…
ing negara lan mancanegara.
salam RAHAYU kagem…
sedulur getih ing Suriname,
dalem pracaya…
rasa Welas Asih, tasih ana wonten ing mrika.
salam RAHAYU kagem…
eyang yang TERKASIH,
dalem TASIH sae-sae kemawon,
MATURNUWUN.
Dhuh para putri ing Yerusalem, pancen pakulitanku ireng, nanging manis, kadi kemahe bangsa Kedar, lir klambu-klambune wong Salma. Aja kokgatekake anggonku ireng, amarga sumeleting surya nggesengake aku. Putra-putraning ibuku padha muring-muring marang aku, aku didadekake panjaga pakebonan anggur, pakebonane anggurku dhewe ora dak openi.
aku iki kagungane kekasihku, lan kekasihku iku darbekku, kang ….. 4-1