Klik x untuk menutup hasil pencarianCari di situs SABDASpace

MARGIning KARAHAYON

udalama's picture

kagem tiyang alit,

inggih punika,

petani-petani, tukang-tukang, bakul-bakul, batur-batur,

lan tiyang samin/simpatisan samin,

ing pundi kemawon.

 

 

 

kenging menapa kagem tiyang alit???

miturut dalem, ingkang prelu panglipuran niku tiyang alit,

mboten tiyang gedhe/gumedhe,

mboten tiyang pinter/keminter,

mboten tiyang sugih/sumugih,

Gusti Allah inggih punika Sang Rama,

nglawan wong kang kumalungkung,

nanging maringi SIH-rahmat marang wong kang andhap asor.

 

 

ngapunten dalem dereng saged mitulungi sampeyan,

NANGING dalem pitados bilih Gusti Yesus,

saged mitulungi sampeyan sedaya.

 

 

amargi dalem PITADOS...

Gusti Yesus Kristus punika dalane,

sarta jatine kayekten lan kauripan,

ora ana wong kang siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama,

manawa ora metu saking Sang Putra,

bilih sinten ingkang pitados PANJENENGANipun,

badhe tampi PANGAMPUNTEN’ing dosa MARGI saking ASMAnipun.

bilih inggih PANJENENGANipun punika,

ingkang PINASTHI dening GUSTI Allah dados HAKIM,

tumrap tiyang ingkang "gesang" saha ingkang PEJAH.

 

dalem PITADOS...

boten wonten KARAHAYON wonten ing sinten kemawon,

KAJAWI wonten ing PANJENENGANipun,

amargi sakurebing langit punika,

mboten wonten ASMA sanesipun,

ingkang kaparingaken dhateng manungsa,

ingkang dados MARGIning KARAHAYON.

 

 

lelagon kidung kagem sing’i,

 

pracoyo Gusti Yesus lan manut piwulang’e,

sing sedino-dino ngrasakake sabda’ne,

nggondeli pranata’e netepi pepaken’e,

kanthi TULUSing ATI selawase.

 

setan ora doyan demit ora ndulit,

leloro podo lungo amargo pracoyo,

rejeki teko saben dina,

TUMRAP’e uwong sing pracoyo.

 

 

 

 

bocah-bocah…

aku pengen nulis ning ATImu…

apa kowe bisa nampa kanthi ikhlas?

tapi aku ora bisa ndeleng ning endi ATImu…

apa kowe mangreti ning endi ATImu?

 

bocah-bocah kang daktresnani,

bab kang daktulis iki, ora nedya gawe isinmu,

nanging supaya NGELINGake kowe kabeh,

 

manawa ana panunggalanmu kang nandhang sangsara,

iku ndedonga'a, amarga aku pracaya...

ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk,

kalawan nganggep marang ASMAne GUSTI Yesus,

ing kono PANJENENGAN'e ana ing tengahe.

ora usah tansah nyumelangake bab apa bae,

nanging padha lairna sakehing papenginanmu,

ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.

 

manawa ana kang seneng atine, iku ngidung'ana,

wasana supaya kowe kabeh padha disaiyeg TUNGGAL RASA,

tresna marang sadulur, ambek welasan, sarta andhap asor.

supaya kowe siji lan siji’ne dipadha waspada,

supaya aja nganti kelu ing panasarane wong murangsarak,

sarta aja kelangan gondhelanmu kang kukuh,

malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat,

sarta pangawruh marang Gusti lan Juru wilujeng, Gusti Yesus Kristus,

Panjenengan’e kang sayogya kagungan kamulyan ing samengko,

nganti tumeka ing salawas-lawase.

 

bocah-bocah, apa kowe PRACAYA?

yen ana manuk gredja mampir ana ini omahmu,

aja diplenteng’i utawa dipaten’i, iku ana arti’ne,

ARTIne ngajak kowe supaya pracoyo marang Gusti Yesus, Juru Wilujeng,

apa kowe bisa PRACAYA???

 

 

 

aku ingin BERBAGI dengan apa yang aku punya,

semoga TULISANku bermanfaat bagi kamu yang PERCAYA,

JIKA tulisanku BERMANFAAT bagimu,

bagikanlah dengan saudaramu atau sahabatmu yang kamu KASIHI.

Tante Paku's picture

Yesaya 49 : 15

     Sanadyan kita manungsa asring kesupen dhateng Gusti Allah

nanging GUSTI ALLAH boten nate kesupen dhateng kita manungsa.

Kitab Yesaya 49 : 15 nelakaken makaten :

"Apa wong wadon bisa lali marang bayine, nganti ora tresna marang wohing wetengane? Sanadyan iku lali marang anake, nanging INGSUN ora bakal kesupen marang sira."

     Semanten agenging katresnan lan kawigatosanipun GUSTI ALLAH  dhateng umat manungsa.

Punika sageda dipun pitadosi lan dipun ugemi dening brayat ingkang saweg nandhang prihatos.

Pitadosa bilih GUSTI ALLAH mesthi boten nate kesupen dhateng panjenengan sabrayat.

GUSTI ALLAH mesthi tansah ngemuti lan migatosaken panjenengan sabrayat, dalasan sadaya kebetahan penjenengan.

PUNAPA melih panjenengan sampung KARENGKUH dados putranipun GUSTI ALLAH margi saking panebusipun SANG KRISTUS.

Panjenengan mesthi tansah dipun rimat kanthi gematos saha dipun ayomi dening GUSTI ALLAH.

Sesambetan putra kaliyan tiyang sepuh punika sejatosipun saged dados gambaran sesambetan kita manungsa kaliyan GUSTI ALLAH

Punapa malih menawi kita rumaos kiyat,

kita ASRING KESUPEN dhateng GUSTI ALLAH.

Rumaos mboten mbetahaken GUSTI ALLAH.

RUMAOS bilih BANDA, PANGKAT, KAPINTERAN, ,

ANAK-SEMAH

HOBI, KANCA lan sanes-sanesipun punika LANGKUNG WIGATOS katimbang GUSTI ALLAH.

Pramila manungsa anggenipun ngemuti lan manahaken prekawis-prekawis wau langkung kiyat katimbang ngemuti lan manahaken GUSTI ALLAH.

GUSTI ALLAH

MBOTEN

KESUPEN

DHATENG KITA........

NUWUN.....NUwun.....Nuwun.......matur nuwunnnn....................................

__________________

Semoga Bermanfaat Walau Tidak Sependapat

udalama's picture

@Tante Paku, kedah wonten bahasa indonesia’nipun

dear Tante Paku,

 

maturnuwun,

tulisanipun punika...

warna-warni kados sinten nggih?

 

namung tulisanipun kedah wonten bahasa indonesia’nipun,

amargi ingkang mbayari we we we niki,

mangke bengak-bengok.

 

 

maturnuwun,

Gusti Mberkahi.

 

 

Nb:

dalem NAMUNG sungkan,

kaliyan ingkang saged disungkani.

 

 

>>>>>> 

Engkau memberitahukan kepadaku jalan kehidupan;

Engkau akan melimpahi aku dengan sukacita di hadapan-Mu.

sandman's picture

@udalama dan tante paku.. bolehkah?

Tolong hargai teman-teman yang tidak bisa bahasa jawa, silahkan anda mengapresiasikan diri dalam bahasa jawa, namun alangkah baiknya jika disertakan terjemahannya..

 

Karena kita sungguh berharga bagi-Nya dan Dia mengasihi kita.

__________________

kardi's picture

@udalama dan tante paku, tolong ditranslate ke bhs. Indonesia

@udalama dan tante paku, saya mau mengikuti tulisan kalian, tapi tidak mengerti sama sekali, tolong dah di translate ke bahasa Indonesia.